Monday, July 2, 2012

SYI'IR TANPO WATHON

Ngawiti ingsun, nglaras syi'iran...
Kelawan muji marang Pengeran...
Kang paring Rohmat lan Kenikmatan Rino wengine tanpo pitungan...
Duh...! bolo konco, prio wanito..
Ojo mung ngaji syareat bloko...
Gur pinter ndongeng nulis lan moco Tembeh mburine bakal sangsoro...
Akeh kang apal, Qur'an hadits'e,
Seneng ngafirke marang liyane...
Kafire dewe gak di gateke..
Yen isih kotor ati-akale...
Gampang kabujuk, nafsu angkoro Ing pepaese sebyare ndunyo..
Iri lan meri sugihe tonggo,
Mulo atine peteng lan nisto...
Ayo sedulur,jok nglalekake
Wajibe ngaji sak pranatane...
Nggo ngendalake Iman Tauhite,
Baguse sangu Mulyo matine...
Kang aran Soleh, bagus atine..
Kerono mapan sari ngilmune...
laku Thoreqot lan Ma'rifate,
Ugo haqeqot manjing rasane...
Alqur'an Qodim, wahyu Minulyo Tanpo ditulis iso diwoco...
Iku wejangan Guru Waskito
Den tancepakeing njero dodo...
Kumantil Ati, lan pikirane,
Mrasuk ing badan kabeh jeroan...
Mukjizat Rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjnge Iman...
Kelawan ALLAH
Kudu rangkulan rino lan wengi...
Ditirakati, diriyadlohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali...
Uripe ayem, rumongso Aman..
Dununge roso tondo yen Iman...
Sabar nerimo najan Pas-pasan..
Kabeh Tinakdir saking Pengeran...
Kelawan konco, dulur lan tonggo Kangpodo Rukun ojo gae sio...
Iku sunahe Rosul kang Mulyo Nabi MUHAMMAD panutan kito...
Ayo nglakoni, sekabehane 

ALLOH kang bakal, ngangkat Drajate...
senajan Asor toto Dhohire Ananging Mulyo maqom Drajate...
Lamun Palastro ing pungkasane
Ora kesasar Roh lan Sukmane...
Den gadang ALLAH
Suago manggone
Utuh mayite ugo
ulese...

No comments: